KETHOPRAK
Kethoprak
wiwit bebukane awujud dedolanan para priya ing ndhususn sing lagi nganakake
lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari,
kasubet gejog. Ana ing tembe keiring temang bebarengan ing kampong/shusun
kanggo lelipur. Sateruse ana tambahan kendhang, terbang lan suling. Mula wiwit
saka ku kasebut kethoprak lesung. Kira kira kedadeyan ing tahun. Banjur ana ing
tahun 1909 wiwitan dianakake pagelaran kethoprak kanthi paripurna/lengkap.
Pagelaran
kethoprak wiwitan sing resmi ing ngarepe masuarakat/umum, yaitu kethoprak
wreksotomo, dipandhegani dening Ki Wisangkoro, sing mandhegani kabeh kakung.
Carita sing dipagelarake yaiku: warsa-warsi, Kendana Gendini, Darma Darmi, lsp.
Sawise
ikku pagelaran kethoprak sansaya suwe dai apik uga dadi klangenane masyarakat,
utamane ing tlata Yogyakarta.
Jinis
Anane gegayutan karo teater para nara praja, mula pagelaran kethoprak, bisa
dibedakake mangkene : Kothekan lesung, Kethoprak lesung wiwitan, Kethoprak
lesung, Kethoprak gamelan Kethoprak gamelan, pendhopo, Kethoprak panggung
Isi
cerita rupa werna carita pagelaran kethoprak umpama carita rakyat, dongeng
babad, ledenfa, sejarah lan adaptasi saka negari manca bisa uga migunakake
swasana Indonesia, tuladhane kaya Shakespeare: Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng
Tay. Carita-carita baku: Darma-Darmi, Warsa-warsi, Kendhana-gendhini, Abdul
sumararupi, Panju Asmara Bangun, Klana Sewandana, Andhe andhe lumut, Angling
darma, Rara mendut, Damar Wulan, Ranggalawe, Jaka Bodo.
Crita
klangenan masyarakat bisa awujud carita pahlawan, peperangan, carita
nglempengake kabecikan adate ing pungkasan carita sing rumindake becik, jujur
bakal entuk kemenangan. Ageman para nayaga pemain, dipadakake karo carita kang
dipagelarake. Biasane nganggo ageman para narapraja jawa wektu jaman kerajaan
mbiyen. Umpama Pangeran Wiroguna agemane ngaggo priyayi Jawa Pangeran saka
tlatah Jawa Tengah (Yogyakarta), semono uga prajurit. Nanging uga ana ageman
kang awujud simbolis, umpamane piyantun wicaksana aweni ageman cemeng, piyantun
suci aweni ageman pethak, ingkang kendel agamene abang. Carita Baghdad agemane
"Mesiran" nganggo afeman sutra. Ageman wayang wong uga ana gegayutane
karo kethoprak, utamane Kethoprak pesisiran tlatah Jawa pesisir lor. Umpamane
carita Angling Darma, Menak Jingga/Damarwulan.
Uga
ana ageman kasebut basahan, yakuwi ageman kejawen ananging cinampur ing liyan
bisa rupa ageman batik, lan beskap uga surban (biasane nganggo jubah). Ageman
basahan iki adate ana ing carita menak utawa carita para wali/para ulama islam
ing sajerone praja. Sing dadi ciri wancine kethoprak : Kanthi para
nayaka/pemain Kiering tetabuhan (gamelan) Ageman tembang kand dadi tetenger
kethoprak Rembugan uga biasa nganggo tembang, tembang bisa mujudake dadi
pengiring adegan, dialog, monolog, utawa dadi narasi Unining gamelan kanggo
ngiringi tembang,, adegan, ilustrasi swasana carita, swasana dramatic, kang
mbedakake adgean siji lan sijine
Perangkat
pengiring kendhang, saron, kethuk, kenong lan gong kemada. Gamelan jangkep
adate nganggo suling utawa terbang. Kanthi tambahan keprak. Para nayaga
kethoprak biasane pinter anggone acting, uga pinter nembang lan njoged beksan .
Para pradangga gamelan, bebearengan karo
sindhen waranggana ngeriringi irama gamelan kethoprak. Senadyan sing dianggo
basa Jawa, nanging kudu nganggo unggah ungguh basa, bisa nganggo basa ngoko,
basa krama, lan krama inggil. Seaiki ana ingg wolak waliking jaman, kethoprak
uga duwe improvisasi kanthi wujud dafelan lan kethoprak humor ana ing siaran
radio lan televisi.
Carita bakune pada nanging dipagelarake kanthi
dhagelan. Mligi ngemukake lan nyenengake pemirsane
tugas B.Jawa
0 comments:
Post a Comment